Rabu, 17 Mei 2017

CERKAK




Cerita cekak yaiku karangan cekak kang awujud prosa. Lumrahe isine kurang saka 1000 tembung kang menehi kesan tunggal kang dominan lan musatake prakara ing salah sawijining tokoh.

Titikane cerkak
1.      Ceritane cekak lumrahe kurang saka 1000 tembung
2.      Diwaca sakeplasan (sekali duduk)

3.      Perkara kang dicritakake mung siji

4.      Cacahe paraga mung sithik

5.      Tokoh kang diceritakake ora nganti owah nasibe

6.      Sipate reka-reka/fiktif

7.      Cerkak Asifat naratif (manut urutan wektu)

Struktur cerita cekak kabentuk saka unsur-unsur ing ngisor iki :

  • ·        Unsur ekstrinsik cerkak yakuwe unsur sing mbangun  sekan njaba, kaya elsaning digawene cerita, sejarah, biografine si pengarang lan liya-liyane.

  • Unsur intrinsik cerkak yakuwe unsur sing mbangun sekang njero kaya tema,alur, penokohan, latar, sudut pandang, amanat, lan basa fifuratif.

Unsure Intrinsik karya sastra (cerkak):
a.       Tema, yaiku inti utawa ide dhasare crita.
b.      Alur/plot, yaiku Pola pangembangan crita kang kabentuk saka hubungan sebab akibat. Lakon crita kaperang dadi bageyan-bageyan:
1)      Pengenalan bab situasi utawa kahanan crita (exposition)
Ing bab iki, pengarang ngenalake para tokoh, nata adegan lan hubungan tokoh-tokohe.
2)      Panjlentrehe kedadeyan (complication)
Ing bab iki, kedadeyan wiwitan kang dadi sumbering masalah kanggo para tokohe.
3)      Nuju ana ing konflik, (rising action)
Ing bab iki, masalahe tokoh kang dialami saya tambah.
4)      Pucuking masalah (turning point)
Klimak crita. Ing baba iki nasib tokohe ditemtokake (kasil orane ngadepi masalah)
5)      Rerampungan (ending)
Nasib-nasibe kang dialami para tokohe wis cetha uga bisa diarani rampung.
c.       Latar, yaiku papan panggonan, hubungan wektu lan lingkungan sosiale saka kedadeyan kang dicritakake ana ing crita.
Latar iku ana 3 jenise:
1)      Latar panggonan, yaiku latar kang dadi papan panggonan nalika kedadeyan ana ing crita iku dicritakake.
Tuladha: ing plataran omahe Agus seneng tenguk-tenguk nyawang kahanan.
2)      Latar wektu,yaiku wektu nalika kadadeyan ana ing crita iku dicritakake.
Tuladha: Dina iki, 27 Desember 2009, ing wengi kutha Jakarta tansah rame. Amerga bengi iki final AFF.
3)      Latar kahanan (suasana), yaiku kahanan lingkungan social nalika kedadeyan ana ing crita iku dicritakake.
Tuladhane: Nalika kebo bule wis cedhak saka papan panggonanku nonton kirab pusaka siji Sura, kahanan tansah anteng, kras sepi, ora ana mobah mosoking angin……(kharisma, hal 44)
d.      Tokoh, yaiku Paraga ing sawijining crita.
e.       Penokohan, yaiku carane pengarang nggambarake lan njlentrehake karakter tokoh ana ing crita. Ana 2 teknik kanggo nggambarake karakter salah sawijining tokoh.
1.      teknik analitik, yaiku karakter/watak tokoh kang dijlentrehake kanthi langsung dening pengarang.
2.      Teknik dramatic
karakter/watak tokoh kang dijlentrehake kanthi penggambaran:

a)   Bab fisik lan tindak tanduke tokoh
b)   Lingkungan kauripan tokoh
c)   Tata basane tokoh
d)   Dalan pikirane tokoh
e)   Dening tokoh liyane
f.)   Sudut pandang (point of view) yaiku posisine pengarang nalika ncritakake crita. Posisi pengarang ana 2:

1)      Dadi wong kapisan (orang pertama). Pengarang dadi tokoh lan lakon ana ing crita.

Cirine ana tembung “AKU”.

Tuladha: Aku isih durung percaya menawa dina iki aku bisa lungguh ana ing kursi stadion Olimpico roma…….

2)      Dadi wong katelu (orang ketiga) pengarang dadi pengamat ana ing crita.

Cirine tokoh utamanya menggunakan “NAMA GIYARTI”

Tuladha: Giyarti katon mongkog atine amerga bisa munggah podium menang lomba……



g.) Amanat, yaiku ajaran moral utawa pesen didaktis (mendidik) kang bakal dibabar utawa dijlentrehake pengarang marang wong kang maca.

h.) Gaya basa, basa sing digunakake pangripta ing sajroning carita. Utawa cara khas kang dienggo pangripta kanggo medharake pikiran lan rasa atine. Cara kang khas mau bisa dingerteni liwat ukara utawa tetembungan kang dienggo. Mula gaya basa iku nuwuhake rasa lan reaksi pamaca marang pikiran kang diandharake dening pengarang. Gaya basa ing jagad kasusastran Jawa bisa awujud basa rinengga, pepindhan, bebasan lan majas.

basa kang ana ing crita kang nduweni kagunan kanggo nyiptakake nada utawa kahanan persuasif uga ngrumusake dialog kang bisa ngetokake hubungan lan interaksi tokkoh siji lan sijine.

dengan menggunakan perbandingan, menghidupkan benda mati,melukiskan sesuatu dengan tidak sewajarnya, dan sebagainya. Itulah sebabnya,terkadang dalam karya sastra sering dijumpai kalimat-kalimat khas. Nada padakarya sastra merupakan ekspresi jiwa.

Basa ing cerkak kuwi ana 2 werna,

Basa Tersirat, inggih punika basa ingkang mbetahaken daya pemahaman ingkang inggil

 

 Sing Nandur Bakal Ngunduh

Esuk iki langite katon isih peteng, pedhute kandel banget, lan hawane uga adhem banget. Nanging, kuwi kabeh ora nyuda kekarepane Bu Umi kanggo dodol pohong menyang pasar. Sanadyan gaweyan iku abot, nanging Bu Umi ora tau nggresula. Bu Umi saiki mung urip karo putrane sing isih kelas I SMP. Bu Umi ditinggal bojone wis pitung taun suwene, amarga bojone Bu Umi duwe bojo liya. Kuwi uga dadi pawadan Ilham, putrane Bu Umi, luwih milih urip melu ibune.
Bu Umi biyasane menyang pasar jam setengah lima esuk. Ilham saben dina ngrewangi ibune nggawa dagangan menyang pasar, amarga pohung sing digawa kira-kira setengah kwintal. Sawise ngeterake dagangan, Ilham bali menyang ngomah kanggo siyap-siyap mangkat sekolah. Ilham kalebu bocah sing pinter lan sregep, saengga Ilham bisa sekolah ning SMP sing mutune paling apik lan dadi sekolah unggulan ing kabupaten.
Dina iki dagangan Bu Umi lagi sepi, amarga lagi mangsa rendheng saengga akeh pohung sing kebanjiran lan dadi ora enak dipangan. Wektu iki Ilham lagi butuh bayaran kanggo tuku buku lan seragam anyar. Bu Umi mung bisa sabar ngadhepi kuwi kabeh mau lan ngupayakake golek gaweyan liya sing bisa disambi dodol pohung. Bu Umi wis siyap-siyap ngukuti dagangane amarga wis jam sanga esuk. Nanging, Bu Umi mandheg sedhela amarga ana bocah cilik sing nangis neng ngarepe. Bu Umi banjur nyedhaki bocah kuwi mau.
“Hlo, ngapa nangis, Ndhuk?” pitakone Bu Umi marang bocah kuwi.
“Aku nggoleki ibuku,” semaure nganggo basa ngoko amarga durung ngerti basa krama.
“Hla Ibumu sapa? Kepriye bisa pisah karo ibumu?” Bu Umi takon meneh marang bocah kuwi karo ngajak lungguh menyang lincak sing dinggo dodol Bu Umi.
“Aku pengin tumbas permen, aku nggoleki sing dodol permen.” semaure bocah kuwi karo isih nangis.
“Hla wis sida tuku permen?” pitakone Bu Umi karo njupuk wedang kanggo bocah kuwi.
Bocah iku mung gedheg lan malah tambah banter nangise.
“Oo… ya wis kowe nunggu ning kene wae karo ngombe wedang iki dhisik, Ibu arep numbasake permen kanggo kowe lan nggoleki ibumu dhisik ya?” welinge Bu Umi menyang bocah kuwi.
Sawise bocah iku meneng nangise, Bu Umi banjur tuku permen. Sanadyan regane larang, Rp5.000, nanging Bu Umi tetep numbasake permen kanggo bocah kasebut. Bu Umi ora tega karo bocah sing lagi nangis kuwi. Ing tengah pasar Bu Umi ngerti ibu-ibu sing katon bingung. Bu Umi marani ibu-ibu mau.
“Nyuwun sewu, menapa panjenengan nembe madosi putranipun?” pitakone Bu Umi marang ibu-ibu kuwi.
“Inggih leres, Bu. Menapa panjenengan mangertos anak kula?” ibu-ibu mau noleh menyang Bu Umi sing nakoni saka mburine.
“Menika wonten bocah putri ugi madosi ibunipun. Menapa leres putranipun panjenengan?” pitakone Bu Umi kanthi ngeterake menyang papan sing dinggo dodol Bu Umi.
“Ya ampun, Ndhuk. Kowe ning ngendi wae? Ibu sing nggoleki nganti bingung banget.” Bu Nurul, ngono asmane ibu-ibu kuwi, langsung nggendhong anake kuwi mau sing wis ora nangis.
Bu Umi njlentrehake kadadean mau marang Bu Nurul.
“Matur nuwun sanget nggih, Bu. Amargi sampun njagi anak kula,” Bu Nurul nyalami tangane Bu Umi kanthi mesem, bungah.
“Inggih Bu, sami-sami,” wangsulane Bu Umi kanthi menehake permen marang bocah kuwi mau.
Sawise Bu Nurul lan anake pamitan arep bali, Bu Umi nerusake nata dagangane sing arep digawa bali. Nalika tata-tata, Ilham nyusul menyang pasar amarga kepengin mbyantu ibune nggawa dagangan sing isih akeh. Dina iki lagi ana rapat kanggo guru ing sekolahe Ilham, saengga kabeh muride bali luwih cepet.
Saka njero mobil, Bu Nurul isih nggatekake Bu Umi karo Ilham sing lagi nglebokake pohung ning bagor. Ing batine, Bu Nurul gumun karo Bu Umi sing gelem tetulung marang wong sing durung tau ketemu.
Esuk-esuk Ilham arep mangkat sekolah, nanging atine tansah susah amarga durung bisa mbayar buku lan seragam. Bu Umi ngerti apa kang lagi dirasakake putrane.
“Le, Ibu ngerti kowe lagi susah amarga bayaranmu kuwi. Nanging, Ibu saiki durung duwe dhuwit sing ganep kanggo mbayar. Ibu rencanane mengko arep nyilih dhuwit menyang budhemu dhisik. Dadi yen dina iki Ibu entuk silihan dhuwit, sesuk kowe bisa mbayar buku lan seragam,” ngendikane Bu Umi marang Ilham.
“lnggih Bu, kula nyuwun ngapunten sampun ndadosaken Ibu susah.”
“Iki wis dadi tanggung jawabe Ibu. Dadi kowe ora usah njaluk ngapura,” Bu Umi nglipur putrane supaya ora sedhih maneh.
“Nggih Bu, kula badhe mangkat sekolah rumiyin,” Ilham pamitan lan salim marang ibune.
Nalika sayah ngaso, Ilham menyang perpustakaan ing sekolahe. Ing kono uga ana Bu Nurul. Bu Nurul ing sekolahe Ilham amarga Bu Nurul iku garwane kepala sekolah ing kono. Bu Nurul ngerti yen Ilham kuwi putrane Bu Umi amarga wis tau weruh nalika ning pasar.
Bu Nurul nyawang Ilham kayane lagi susah, banjur arep nyedhaki Ilham nanging bel tandha mlebu kelas wis muni. Bu Nurul ora sida nemoni Ilham. Bu Nurul wis bisa ngira-ira yen Ilham lagi mikirake bayaran amarga minggu iki telat-telate mbayar.
Bu Nurul banjur menyang kantor tata usaha (TU) lan nakokake bayaran sekolahe Ilham sing durung lunas. Bu Nurul kepengin mbiyantu mbayar buku lan seragame Ilham, nanging sadurunge kudu takon dhisik marang Ilham.
Nalika bali sekolah, Ilham dikon menyang kantor TU kanggo nemoni Bu Nurul. Amarga durung ngerti apa pawadane dheweke diceluk menyang TU, atine Ilham dadi dheg-dhegan. Banjur diterangake yen bayarane arep dilunasi Bu Nurul kanggo wujud matur nuwune marang ibune Ilham. Ilham seneng banget lan njaluk idin arep matur marang ibune dhisik.
Sawise Ilham matur marang ibune, Bu Umi kaget. Lan kanggo rasa ngurmati, Bu Umi menyang sekolahe Ilham lan nakokake piwelinge Bu Nurul rikala wingi. Bu Nurul wektu iku uga ana ing sekolah.
“Bu Umi, kula badhe nyuwun pirsa menapa kula angsal mbiyantu panjenengan anggenipun mbayar buku lan seragamipun Ilham? Menika kangge wujud matur nuwun kula dhateng panjenengan ingkang sampun mbiyantu njagi anak kula nalika wonten peken,” pitakone Bu Nurul kanthi alus supaya ora nglarani atine Bu Umi.
“Saderengipun matur nuwun, ananging kula menika ikhlas mbiyantu panjenengan lan boten gadhah gegayuhan menapa-menapa,” ngendikane Bu Umi.
“Inggih Bu, ananging menika ugi kangge bebungah Ilham amargi sampun dados juwara setunggal ing sekolah menika.” Bu Nurul wis ngerti yen Ilham duwe prestasi kang apik lan dhuwur ing sekolah.
“Alhamdulillah, menawi kados mekaten, kula ngaturaken matur nuwun sanget awit bebungah menika, Bu,” wangsulane Bu Umi sinambi mbrebes mili.
“Kula ingkang kedahipun ngaturaken matur nuwun dhateng panjenengan,” ngendikane Bu Nurul.
“Inggih Bu, sami-sami,” Bu Umi lan Bu Nurul banjur salaman.
Bu Umi ora ngira yen tumindake sing kanggone ora sepira kuwi bisa diwales kanthi kaya mangkono. Bu Umi tansah percaya yen apa wae kang dilakoni ing donya iki mesti bakal diwales kaya sing ditindakake, kaya unen-unen: apa sing ditandur, ya kuwi sing bakal diundhuh.


Sumber: www.solopos.com/2013/02/14/cerkak-sing-nandur-bakal-ngundhuh-379078

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

RESENSI BUKU

RESENSI BUKU Judul Buku      : Public Speaking Pengarang          : Saifuddin Zuhri Penerbit              : Graha Ilmu Ta...