Pawarta yaiku kabar anyar utawa kedadean sing lagi dumadi
ana sawijining panggonan sing bisa dicawiske liwat bentuk cetak, siaran,
Internet, utawa lisan marang wong ketelu utawa wong akeh.
Kados sing wis
diaturake ing nduwur wau pawarta bisa dicawesake liwat pirang-pirang bentuk
kayata:
·
Bentuk cetak
Bisa awujud majalah/ koran contone: majalah djokolodang,
majalah panjembar semangat, lan sanesipun.
·
Bentuk Siaran
Bentuk siaran iki pada samya kanthi liwat lisan anangeng
mbutuhake media kanggo nyawisake pawarta menika. Contone: berita bahasa jawa TA
TV, berita bahasa jawa JOGJA TV, berita bahasa jawa Radio Persatuan, berita
bahasa jawa TV Semarang, lan sak panunggalane.
·
Liwat Internet
Wis genah bentuk siji iki yaiku sawijining berita basa jawa
utawa pawarta basa jawa sing dicawisake lewat media internet bisa awujud
website utawa blog. Contone situs sing nyawisake berita basa jawa: pawarta
bahasa jawa, sesorah jawa, kumpulan cerita bahasa jawa, cerita wayang bahasa
jawa, lan sak panunggalane.
·
Bentuk lisan
Yen bentuk lisan ini bisa dicawisake saka sapa wae, ateges
warta sing dicawisake langsung saka sing ngerteni pawarta datheng tiyang
ingkang pun paringi pawarta. Contone: anak marang bapak, utawa sewalike.
Unsur Pawarta
Wondene unsur-unsur ana pawarta pada karo unsur sing ana ing
berita yaiku nggamblangna babagan.
Apa (What) =
Kedadean apa sing bakal dicawisake.
Sapa (Who) =
Sapa sing ngalami kedadean kasebut.
Kapan (When) =
Kapan kedadean kasebut dumadi.
Kepriye
(Why) =
Kepriye kedadean kui bisa dumadi .
Nengndi (Whrere) =
Ana papan ngendi kedadean kui dumadi.
Kena apa(How) =
Merga apa kedadean kasebut dumati.
Pawarta sing paling apik yaiku warta sing nduweni 5 unsur
utama sing wis kasebut neng nduwur mau. Mila saking menika siring kasebut 5W +
1H.
Sifat Pawartos :
Ø
Aktual : langsung.
Ø
Faktual : objektif, sesuai fakta.
Ø
Cekak Aos :
pendek, singkat, langsung intine.
Ø
Narik Kawigaten
: menarik perhatian dengan kalimat tanya.
Ø
Jangkep :
lengkap.
Jinis Pawartos :
·
Straight News (pawartos langsung)
·
Depth News (pawartos mendalam) : wonten nilai,
fakta, data, lan dampak.
·
Investigation News : wonten
penelitian/penyelidikan.
·
Interpetative News
·
Opini News : dereng wonteng fakta-fakta.
Struktur panyeratan
pawartos menika awujud :
1.
Irah-irahan
2.
Baris tengah (dateline)
3.
Teras pawartos
4.
Wos pawartos
Perangan ingkang
nemtokake biji pawarto inggih punika :
a)
Aktualitas
b)
Gayut kaliyan papan kedadosan
c)
Gayut kaliyan unsur-unsur ing saklebeting kedadosan
d)
Gayut kaliyan pedamelan pamaos/pamiarsa
e) Jangkeping pawartos
Ingkang perlu
dipungatosaken nalika mirengaken pawartos utawi informasi inggih menika :
·
Mangertosi kanthi cetha perkawis ingkang
dipunaturaken.
·
Mbedakaken informasi ingkang wigati saha ingkang
boten wigati.
·
Nyathet informasi ingkang leres saha premati.
Perkawis ingkang
kedah dipungatosaken nalika maringi panyaruhipun inggih menika :
v
Panyaruhipun menika sak mesthi nipun
dipunaturaken kanthi cekak aos, padhat saha dipunronce kanthi sae.
v
Perkawis utawi bab ingkang dipunparingi
panyaruhipun kedah cetha.
v
Tembung-tembung saha ukara ingkang
dipunginakaken kedah gampil dipunngertosi utawi dipunpahami.
Panyaruhipun menika kedah dipunparingi
lelandesan ingkang logis, saged ugi dipuntambahi fakta saha bukti-bukti ingkang
relevan.
Kepleset, Siswa SMP Tiwas
Evi 15 taun, salah
satunggaling siswi SMPN Tangen, Sragen, Rabu (13/4) antawis jam 10 tiwas
sasampunipun dhawah ing wewengkon air terjun jumog jati, kecamatan Jenawi.
Warga dusun Bagu kroderan, Grobogan punika dhawah ing wewengkon air terjun
ingkan inggilipun 20 meter sasampunipun kepleset ing watu-watu ingkan wonten
nginggil air terjun. Satemah piyambakipun nandhans wawu awrat ing perangan
sirah lan badanipun.
Manut katrengan ingkang
dipunklempakaken saking kepolisian kaliyan kancanipun sami lelenggahan ing
pinggir kali urutipun air terjun. Wekdal badhe gantos papan sanesipun ingkang
badhe dipuntingali, kanthi nyabrang kali sainggiling air terjun. Ananging Evi
lan salah satunggaling kanca wanita ingkang wekdal mlangkah nyabrang kali
sukunipun kepleset. Evi lajeng dhawah dhateng kali ingkang banter ilinipun tur
lunyu pisan. Badanipun evi lajeng kanyut ngaton air terjun lajeng dhawah ing
cocoran air terjun ingkang lebetipun 20 meter, kebak watu-watu lan tiwas
saknalika.
Sumber: https://belajarbahasajawa2013.wordpress.com/2014/01/14/pawarta-2/
Tidak ada komentar:
Posting Komentar