Kamis, 18 Mei 2017

SESORAH

Sesorah(pidato) yaiku micara/matur/nglairake gagasan sarana lisan ing sangarepe wong akeh kanthi ancas tinamtu.

a.     Ancasing sesorah/tujuan sesorah
1.       Atur Pambagyo= yaiku sesorah kanggo nampa rawuhe tamu kang ana ing acara apa wae kayata acara syukuran,supitan,tanggap warsa(ulang tahun),pengantenan.
2.       Atur kabar/paring informasi= yaiku sesorah kang aweh kabar/informasi,umpamane acara rapat organisasi,promosi barang.
3.       Atur pangajak=yaiku sesorah kang ancase supaya sing mirengaken percaya banjur ketarik atine lan gelem nindakake apa kang diwedharake dening sing sesorah,umpamane sesorah ing papan ibadah
4.       Atur panglipur= yaiku sesorah kang aweh panglipur utawa nggedhekake atine marang para sutresna sing lagi nandhang susah,umpamane sesorah ing sangarepe para kadang kang lagi nandhang pancobaning urip arupa musibah bencana alam,kepaten lan liya liyane.
5.       Atur panyarue/ngemutake= nelakake panemu kanthi dhasar-dhasar kang ganep tumrap sawenehing ada ada,contone tontonan lumatar tv,panggoning hp lah internet kang kurang becik tumraping bocah sekolah.
b.     Bab wigati nalika lagi sesorah
1.       Basa
Basa kang digunakake kudu cocog karo sing diadhepi. Basa ngoko digunakake menawa sing diadhepi iku bocah/luwih enom tinimbang sing sesorah. Basa krama digunakake menawa ngadhepi wong sing luwih tuwa/wong sing kudu diurmati.
2.       Busana
Menawa sesorah becike nggunakake busana kang becik lan sopan. Ana tetembungan “ajining raga saka busana” kejaba kanggo ngormati sing padha mirengake uga bisa kanggo njagani lan ngajeni awake dhewek. Busana uga kudu kaleresan karo kahanan lan tujuan.
3.       Swara
Swara kang kepenak dirungokake iku aja keseron utawa aja lirih banget. Anggone ngucapake kudu jelas,ora kecepeten saengga apa kang diwedharake gampang dingerteni karep,irama ora lugu kaya wong maca buku.
4.       Solah bawa(sikap)
Wong sesorah iku kudu mantep lan tatag,madhep marang pamriksa,aja tumungkul,ndhingkluk lan aja ndangak.
c.  Bab kang kudu disingkiri nalika sesorah
1.   Polatan mbesengut(terlihat marah)
2.   Gugup(nerveous)
3.   Ngguyu sing digawe gawe(tertawa dibuat buat)
4.   Sering ndeleng cathetan(sering melihat catatan)
5.   Bola bali ngobahake tangan/sikil(terlalu sering menggerakan tangan/kaki)
6.   Ngadeg kaku kaya wong baris(berdiri terlalu kaku seperti orang baris)
7.   Karo mloka mlaku(sambil jalan jalan)
8.   Tangan methentheng
9.   Tangan mlebu sak klambi/kathok(tangan masuk ke saku baju/celana)
10.  Ngupil
d.     Urutane sesorah
1.       Salam pambuka
Isine ngucapake salam marang tamu kang rawuh kayata nuwun,kula nuwun,sugeng siyang,sugeng sonten,sugeng ndalu utawa salam liyane
2.       Purwaka
Atur pakurmatan marang para tamu lan atur syukur marang Gusti dene isih bisa ketemu kanggo nindhakake acara iku. Uga atur panuwun marang para tamu sing wis kersa nglonggarake wektu rawuh ing acara iku
3.       Isi/wignatining atur
Isine bab apa sing bakal diaturake manut marang acarane
4.       Pangarep-arep
Isine bab sing disuwunake(diarep arep) saka sing kagungan kersa marang  tamune umpamane donga, pitutur lan sapiturute.
5.       Panutup
Isine nyuwun pangapura menawa anggone nampa tamu utawa matur ana tetembungan sing kurang becik lan solah bawa utawa tindak tanduk sing ora mranani penggalih.
 
Sesorah Perpisahan Sekolah
Assalamualaikum Wr.Wb
Bapak Kepala SMA N 1 Godean ingkang satuhu kinurmatan
Bapak/Ibu guru ingkang kula kurmati
Kanca-kanca kelas 9, adhik-adhik kelas 7 lan 8 sing daktresnani.
           Ingkang sepindah, monggo kita sareng-sareng ngucapaken Puja-puji sukur dhumateng Allah SWT ingkang sampun paring rahmat sarta hidayah katitik ing wekdal punika kula panjenengan sedoyo sami saged makempal wonten ing SMA N 1 Godean, kangge angestreni perpisahan kelas IX, kanthi sehat walafiat boten wonten alangan menapa.
            Ingkang kaping kaleh ,sholawat ugi salam kita aturaken dhumateng Nabi besar Muhammad SAW ingkang sampun nuntun kita sedaya saking margi ingkang lepat dumugi margi ingkang leres inggih menika dinul islam.
            Ingkang saklajengipun,kula ngucapaken matur suwun sanget dhumateng para rawuh ingkang sampun rawuh dateng penggenan menika.
            Para rawuh ingkang kinurmatan,kula minangka wakil siswa-siswi  kelas IX ngaturaken gunggunging panuwun ingkang tanpa upami,awit kaiklasan tuwin katresnan Bapak/Ibu guru nggulawentah para siswa pramila saged ngerampungaken sedoyo ilmu ingkang sampun kaparingaken tigang tahun. Kula sakanca namung saged memuji, mugi-mugi amal lan kesaenan Bapak/Ibu guru sedaya pikantuk piwales saking Allah SWT,saha tansah pinaringan kasarasan. Boten kesupen kula sakanca ugi nyuwun pangapunten ,awit kula sakanca asring damel Bpak/Ibu guru kuciwa awit saking atur solah bawa kula sakanca ingkang boten mranani penggalih panjenengan.
            Para Bapak/Ibu guru lan para rawuh, ing wekdal punika kula sakanca nyuwun pamit lan nyuwun donga pangestu,mugi-mugi sasampunipun medal saking pawiyatan ngriki kula sakanca saged ngelajengaken ngangsu kawruh wonten ing pawiyatan candhakipun. Makaten ugi mugi-mugi adhik-adhik kelas VII lan kelas VIII saged kasil ngangsu kawruh kanthi kasil ingkang langkung sae.
Para rawuh ingkang kinurmatan, makten atur kula. Bokbilih wonten kirang sarta kalepatanipun , kula nyuwun agunging samudra pangkasami.
Nuwun,
Wassalamualaikum Wr.Wb  


Sumber: http://pidato.net/4075_doc-sesorah-perpisahan-kelas-ix

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

RESENSI BUKU

RESENSI BUKU Judul Buku      : Public Speaking Pengarang          : Saifuddin Zuhri Penerbit              : Graha Ilmu Ta...